Kamis, 12 Januari 2017

MEDIA PEMBELAJARAN SYIIR SEKAR KEDHATON BERBAHASA JAWA

 
OKE SEMOGA BERMANFAAT UNTUK TEMAN-TEMAN SEMUA

ALIH AKSARA SYIIR SEKAR KEDHATON



Ngawiti ingsun lawan bismillah
Tambahe rahmat sartane salam
Muga tetepa ing pungkasane
Muhammad iku mungguh asmane
Lan sahabate sekabehane
Sekar kedhaton ingsun ngarani
Kanggo pitutur wong omah-omah
Dak tukar padu jalaran weruh
Muga pengeran paring manfaat
Ing wong maca ikilah syiir














Ingsun amuji Alhamdulillah
Kelawan akeh sartane dawam
Nabi utusan lan kepalane
Lan muga tetep marang wergane
Lan wong kang manut ing agamane
Ikilah syiir munggu perlune
Supaay tentrem sarana genah
Ing kuwajiban ingkang dentempuh
Ki syiiran tutuk kiyamat
Lan wong kang krungu kang gelem mikir














Muqaddimah
He para lanang kang wus duweni
Yen panci sira iku wus kuat
Sarana ngerti syarat rukune
Lan ngerti marang kuwajibane
Becik ndang golek bojo kang pantes
Niyata niru kelakuane
Niyat ngakehna marang umate
Yen kabeh mau sira dung ngerti
Yen sira iku durung nduweni
Supaya apes apa syahwate
Awakmu reksa kang luwih kuat
Kang gedhi banget mungguh siksane
Becik elinga zaman wus akhir
Ing penggaweyan kang nekakake










Hajat wong wadon beranta atine
Nyampurnaake kabeh ragad
Wong laki rabi saksampurnane
Wong nduwe bojo sekabehane
Supaya setan gidane apes
Gusti njeng Nabi njero atine
Supaya oleh ing safaate
Ngaji a ndisik kang ngati-ati
Ragade nikah becik rasane
Kang ajak-ajak seneng ladate
Saking penggawe ingkang maksiyat
Yaiku zina mungguh arane
Akeh wong lali ora do mikir
Ing dosa gede marang awake









Ora rumangsa padha ngelakoni wani
Malah rumangsa bagus lakune           
Kaya wong wadon padha sayaan      
Nuli do lungo poto karone                 
Iku modele wong iki zaman               
Yen ana wong dines lakune   
Rada nocoki hukum kang tetep         
Wong kolot sebab ora nuruti              
Mula mengkono saking mandine
Sarta alus lan dedalane                      
Bejo-bejone sing pada eling               
Dzat-dzat ingkang gawe langit lan bumi
Naudubilah nuwun pangereksa
Saha dhumateng samudayane
Saking pendamel ingkang kasebat









Perkara haram kendel turune
Nuruti umum iku unine
Karo wong lanang liyo gocekan
Do dadi gawe karo kancane
Mulane dunyo dak bisa aman
Tingkah lakune lan pengakone
Iku dicacah sarta dianggep
Kaperahe lakon dak manfaate
Bujuke setan ning manungsane
Bujuke setan akeh wernane
Embuh dak reti sing pada beling
Iku bakale ingkang ngukumi
Kula dumateng dzat ingkang kersa
Lare kawula jaler estrine
Ngantos dumugi icale jagad









Adabul muasyarah
He para lanang kang wus duweni
Tata kramane dadi wong lanang
Yaiku sira kudu bagusi
Setane sira kudu duweni
Yen sira omong aja cok nyentak
Becik ngapura becik kang sabar
Kaya padane olehe ganjar
Becik elinga yen setuhune
Kang maha suci aja sembrana
Becik nyukupi sandang pangane
Sarta miturut marang padane
Jo pisan-pisan sira jur lali
Kuwajibane wong bebojoan
Rupane dawuh cara jawane










Ing bojo sira kudu ngelakoni
Supaya wadon atine tenang
Marang wong wadon sarta melasi
Ulat kang ajer saben dinane
Ye wadon luput aja bok keplak
Supaya sira iku den ganjar
Jeng nabi ayub kang luwih sabar
Wong wadon iku lah titipane
Sira angereksa lan aja lena
Miturut sira pekuwatane
Sarta mangsane lan panggonane
Marang wong wadon ora merduli
Becik elinga ing dedawuhan
Endi wong lanang ingkang ngerabeni









Marang wong wadon cek maskawine
Kapan wong lanang ora nekani
Yen kasi mati durung nekani
Gusti kang agung besuk dinane
Nanging yen niat ora nekani
Gusti njeng nabi dawuh mengkene
Para wong lanang becik menerima
Becik kang bagus sira ngerumati
Jalaran wadon iku seperti
Dak ana maneh keduwehne
Yen panci wadon iku dak nurut
Utawa nyengil apa padune
Tegese terang apa tandane
Becike sira kudu nuturi
Lan aja awor mangsa turune









Akeh la kidik pada karone
Hak e wong wadon bujuk arane
Besuk yen sowan ana ngarsane
Kiyamat lanag salah lakune
Wong wadon banjur ora ngeridhai
Becik wong lanang eling atine
Ing wekas ingsun ingkang utama
Marang wong wadon kang gelem bekti
Marang boyongan sing ati-ati
Liyane ngarep kebagusane
Kaya rahine ketok besengut
Utawa misuh melerek matane
Yen iku wadon nusyuz arane
Kelawan bagus supaya mari
Iku wong wadon pengajarane









Yen isih durung bisa marani              
Wadon kang bagus dhohir batine
Gagak kang tolak iku padane
Lan maneh sira becik ngilingi
Kang bangkung rupa ego wekase
Mula yen sira karep ngurusi
Wong mukmin ingkang luwih sampurna
Liyane wong kang pada duweni
Welas lan asih marang bojone
Dak pilih kasih salah sijining  
Setengah saking kewajibane  
Iku muruki hukum syariah
Marang pengeran rina wengine
Marang wong wadon supaya luru      
Malahan wajin lanang ngandani                    









Kena mbok titik ora mranani
Ning iki zaman arang anane
Wujude wadon mau langkane
Asale wadon balung mangklingi
Temtune angel mungguh luruse
Ya sangka sitik dadi kerose
Mungguh imane iku dak nana
Pekerti bagus taat ngelakoni
Lawan maring anak sekabehane
Ala lan apik padha karone
Wong lanang manah marang bojone
Supaya bener olehe taat
Utawa prentah ngaji liyane
Wong kang muruki tegese guru
Malah meksa a serta medeni









Yen iku wadon ngaji ilmune
Ngelmune shalat kudu mangerti
Utawa ngaji marang ngelmune
Nanging wong wadon yen lunga ngaji
Sarana ngadil olehe ngereksa
Yen lunga ngaji aja kok macak
Wedak lan gencu tan kena keri
Yen ora bisa pada kancane
Yen tutuk omah banjur nukari
Iku tingkahe wadon cilaka
Sebab niyate iku kliru

Mangalazaujah
Para wong wadon kang wus duweni
Kuwajibane sekabehane
Wajibe wadon kudu ngabekti








Ngibadah wajib sak sepadane
Sarat rukune diati-ati
Hukume haid sarta sucine
Becik kang dines niyata siji
Marang awake kang luwih rasa
Kaya penganten lagi diarak
Kudunge sawang mlerek memburi
Olehe nyandang mangsa lungane
Marang bojone dak mari-mari
Bakal kejegur marang neraka
Wong ngono iku aja mbok tiru


Bojo mesthine kudu nglakoni
Lan aja tinggal tata kramane
Maring lanange ingkang sejati








Lan kudu golek marang ridhone
Supaya sira den lebokake
Ngapura dening sehabehane
Lan malaikat langit manggone
Dak leren-leren Le nyuwun kabeh
Wadon kang bagus kelakuane
Wulan Ramadhan ngereksa perjine
Iku wong wadon bakal nampani
He wadon ayo mlebua sira
Piliha kabeh endi lawange
Wadon kang mati tapi bojone
Mlebu suwarga panggonan bungah
Wadon kang sabar maring alane
Iku den ganjar kaya padhane
Wadon kang sabar ing nalikane









Bojo lanange saben dinane
Ing wadon ingkang den suwunake
Manuk lan iwak jero banyune
Sarta srengenge lan rembulane
Yen panci lanang ridhone ijeh
Ing sholat lima sarta pasane
Sarta bekti guru lakine
Ing dehedhawuhan banjur ngelakoni
Marang suwarga sak karep ira
Miturut sira apa senenge
Iku kok ridho mangka temtune
Sarana seneng dhak nana susah
Palakertine lanang bojone
Wong perang sabil mungguh gedhene
Dilarake karo bojone









Iku den ganjar kaya padhane
He para wadon kudu mangerti
Marang puterane Dewi Fatimah
Ing buri iki mungguh rupane
Wadon kang nutu seja atine
Siji-sijine gabah den etung
Maneh wong wadon sijine gabah
Keringete wadon jalaran nutu
Temtune wadon banget adohe
Endi wong wadon ingkang nglengani
Lan ngumbahake jarike anak
Jalaran wadon den tulis aweh
Lan oleh sandhang sewu wong uda
Wadon kang nyegah hajate tangga
Yen panci luwih saking hajate









Dewi Asiyah Fir’aun wadone
Dhawuhe nabi ingkang sejati
Gustine para wadon mukminah
Wajibe gugu jero atine
Kanggo ngingoni anak bojone
Nglakoni bagus siji lan untung
Siji derajat ya bisa munggah
Dadi bentenge niran sapitu
Saking neraka tetep bungahe
Rambute anak sarta nyureni
Bakale wadon nemoni enak
Mangan wong sewu kang padha ngelih
Olehe ganjar tetep daksuda
Den cegah ngombe banyu telaga
Awake dhewe lan ahli baite









Nanging daknana kang luwih onjo
Mula mengkono sebab ridhane
Yen panci wadon oleh ridhane
Oleh karidhan saking pengeran
Yen bojo lanang iku bendune
Saking bendune pengeran agung
Mula wong wadon kang ati-ati
Yen panci ora mlanggar syareat
Aja kesuwen neng endi nggone
Lan niyat golek maring ganjaran
Yaiku Allah lamun maringi
Lan malaikat sekabehane
Dosane wadon saben dinane
Ping sewu ngamal siji dinane











Liyane ridha kang saking bojo
Bojo tan oleh bendu padhane
Bojo lanang mangka temtune
Ana akhirat nampa ganjaran
Iku wong wadon bendu nampani
Ana neraka bakak kecemplung
Yen lanang hajat becik nuruti
Becike sira nuruti kebat
Niyata sira golek ridhane
Kang luwih akeh saking pengeran
Ning iku wadon hasil metengi
Padha nuwuna ing pengerane
Den tulis amal kebagusane
Den lebur sewu ngamal alane










Lamun wong wadon iku ngelarani
Iku den tulis wadon duweni  
Wong perang sabil lamun bayine
Desane resik kaya bayine
Padhane wadon ingkang ngeladeni
Dadi wong wadon iku mangsane
Lan ngemu wadon ing kuburane
Sarta den ganjar kaya padhane
Lan malaikat wewilangane
Lan dhuwunake kasi tekane
Endi wong wadon ingkang ngeladeni
Keluan ikhlas seneng atine
Iku pengeran sipat kang isih  
Penganggeijo mungguh wernane
Serta den tulis siji-sijine









Sabab wus karep metu bayine
Ganjaran akeh kaya padhane
Wus sida metu adon temtune
Kang lagi metu saking ibune
Bojo lanange bener sejane
Lamun mati resik dosane
Kebon suwarga iku dadine
Sewu wong umrah sewu khajine
Sewu dhuwuna ing ngapurane
Dina kiyamat iku mangsane
Bojo lanang rina wengine
Sarana bener mungguh sejane
Kersa ngapura desane bersih
Besuk kiyamat tanpa mestine
Wulu kang tetep ana badane









Ing sewu amal kebagusan                  
Endi wong wadon kang ngumbahake
Iku den tulis wadon duweni              
Sewu amale wadon alane                   
Sartane wadon den unggahake          
Lan nuwunake ing ngapurane            
Suwiji-wiji kabeh wernane                 
Kabeh wong islam lanang wadone    
Gusti jeng nabi sekabehane                
Jeng nabi dhawuh ingsun mirsani      
Kang padha jegur marang neraka      
Lan sabab kidhik apa bektine            
Lan sabab akeh apa metune               
Nganggo sandhangan kang anyur-anyur
Sarta minyakan amperik ambune









lan satus amal umrah khajine
tur bersihke marang jarike
amal kang bagus sewu sartane
oleh ngapuran sekabehe
sewu derajat apa awake
dosane wadon sekabehane
kang kesorotan ing serngengene
wajibe ngandel pengandikane
sing ora ngandel kufur temtune
nalika israk kang den bendune
sabab kang kaperih padha duraka
ning gusti Allah lan utusane
saking omahe bojo gawone
sarta pepaes wedhak lan pupur
sarta lelumangsa melakune









Rumangsa ayu mungguh rupane
Wong lanang liya kang den liwati
Banjur den wilang apa matane
Mengkana iku kelakuane
nanging yen sandhing merang bojone
Lan dhawul dhawul apek ambune
Mengko perintahe wadon timpone
Kudu pepahes kang luwih bagus
Kuyu lan mesem ajer rahine
Lan riget ngadeg hurmat bojone
Ngetokna marang kabungahane
Sartone ketok mungguh susahe
Lan mulyaake marang ahline
Senajan fekir utawa ina
Mengkono iku wadon namane










Banjur ngliwati lanang liyane
Terkadang anggagas jerone ati
Ngelakoni zina haram wadone
Wadon saiki mung salungane
Pating selemprot lah penganggone
Malanggar perintah kalakuwane
Madhep utawa sandhing bojone
Yen arep turu wewangen terus
Sartane alus alon padane
kang lagi teka saking lungane
nalika weruh marang bojone
Karo bojone suwe pisahe
Bojone lanang sekabehane
Utawa sugih pangkat dak bina
Nglakoni marang tata kramane










Dadi wong wadon Ingkang sejati
Temtu bojone seneng atine
Banjur pengaren hiyo ngridhoni
He para wadhon becik lakune
Ing kanjeng nabi Gustine umat
Nuli amatur ali sahabat
Nuli jeng nabi dhawuh mengkene
Iku sun weruh marang siksane
Mulane banget penangis ingsun
Ana wong wadhon iku den gantung
Sarta uteke katingalane
Para wong wadhon kelakuhane
Iku rambute ora den tutup
Mula kudu nganwajib hukum











Sabab tingkahe bungahna ati
Yen ngono wadon kalakuwane
Marang wong ayu kelakuwane
Ing kala sowan sarta garwane
Nuju jeng nabi nangis kang kuat
Punapa dalem kok nangis kiat
Ing mungsa melaku bengine
Wong wadon iku akeh wernane
Sabab welasku marang wong wadon
Lawan rambute ingkang dengelug
Padalah umub sekabehane
Nalika sandhing lanang liyane
Mula siksane utek umub
Atas wong wadon tua anane











Tapi kang brukut sekabehane
Ana wong wadon iku digantung
Den gerojok banyu panas cangkeme
Iku ngelarakna marang atine
Misuh nyosotno kelakuane
Ana wong wadon sikile loro
Sarta den banda tangan lorone
Sarta den rubung kelabang ulane
Wadon kang tinggal adus jinabat
Mulane aja isin ngelakoni
Banjur shalate shubuh den gaduk
Mengkono iku aja lakoni
Ana wong wadon penthil lorone
Iku siksane wadon gawene
Tegese wadon iku gawene









Rambute sirah siji-sijine
Lawan ilate minangka dadung
Iku siksane wadon maceme
Bojo lanange saben dinane
Mula mengkono wadon siksane
Den cancang oleh penthile karo
Den olehake mbun-mbunane
Lan kalajengking iku siksane
Lan adus haid cok gampang sholat
Adus jinabat meksa turwane
Den kumpulake ning sholat bedhug
Becik elinga siksa wedeni
Den canthelake ing gantungane
Anempurake marang badane
Cok gelem adol marang madone









Ning lanang liya mangsa bojone
Mula den siksa ngono rupane
Ana wong wadon model rupane
Iku wong wadon goroh gawene
Ana wong wadon iku rupane
Den luluhake cangkem sangkane
Iku siksane kelakuane
Ahli dat undat kebagusane
He para wadon becik entenga
Yen ora oleh marang izine
Yen bojo lanang ora ngizini
Iku wong wadon oleh bendune
Marang omahe bojone maneh
Kapan wong wadon brengut raine
Iku wong wadon oleh bendune









Pinuju lunga utawa liyane
Durung siksane zina arane
Sirahe celeng himar badane
Lan adu adu iku siksane
Pas kaya asu serta genine
Tumeka silet geni metune
Para wong wadon ana donyane
Lan ahli hasud marang bangsane
Ning omah bae aja cok lunga
Wong lanang ingkang dadi bojone
Kok mekso lunga mangka temtune
Allah ta’ala teka baline
Karo bojone becik kang sumeh
Nalika ngadep marang bojone
Kang Maha Suci teka guyune









Dadi wong wadon aja gumedhung
Sing sapa ngono gawene
Jeng nabi dhawuh becik rasakna
Kapan wong wadon iku cok muni
Besuk kiyamat iku rahine
Ilate melet tutuk jothoke
Saben langgeng sholat wengine
Syukur wadon marang wewehe
Becik nampaha kelawan seneng
Saben wong wadon lamun duweni
Bojo lanang nuli wong wadon
Iku den lebur kabeh ngamale
Kapan wong wadon muni mengkene
Dadi bojoku endi rupane
Iku pengeran megat rohmat










Cok jaluk pegat getun yen kadung
Temtu dak mambu ing suwarga
Ning buri iki aja semberana
Wis aku pegat lah saiki
Mung kari balung kelethoane
Ana jahannam di jongkeroake
Iku wong wadon poso rinane
Bojo lanang kidik akeh
Yen kurang akeh aja kok gereneng
Dunyo sak jagat kanggo ngingoni
Iku dat undat le aweh ingon
Sartane korun besuk kumpule
He sira lanang mongso suwene
Tahu mewehi apa wernane
Saking wong wadon ning kiyamat










Wong wadon kang ora sobar atine
Dak duwe bungah ing nalikane
Amikirake ing perkarane
Laknate Allah sarta bendune
Iku wong wadon ingkang nampani
Dadi wong wadon becik kang anteng
Kang dudu bojo kapan atine
Bakal di pakumatolerone
Gusti jeng nabi dawuh mengkene
Papat wong wadon besuk manggone
Wadon kang ngereksa haram lakune
Ping pindo wadon ingkang duweni
Ping telu wadon ingkang duweni
Olehe weweh kelawan kidik
Ora kemeron karo tangggane










Utawa ngamuk berengut rahine
Bojo lanang rupek atine
Olehe golek sandang pangane
Lan malaikat sekabehane
Sabab mengkono kang den lakoni
Aja cok nginjen lanang kang ganteng
Duweni demen mongko temtune
Besuk kiyamat iku mangsane
Ning buri iki katerangane
Ning suwarga nomer sijine
Bekti pengeran sarta bojone
Anak kang akeh sobar atine
Ati nriman saking bojone
Den tompo seneng kelawan becik
Kang lagi sugeh enak badane











Sandhang pangane cukup karone      
Ingkang den suwun dhak nana maneh
Ana ing zaman kelanggengane          
Sartane akeh kawirangane     
Wadon kang ngereksa marang badane
Tempone lunga bojo lanange             
Tempo ning omah sapa bojone           
Dhak tahu padon ngelarakna ati        
He para wadon becik dha ngerebut
Sa’bisa-bisa kabeh lakune      
Salah sijine mongka temtune
Papat wong wadon bakal cilaka        
Wadon kang pethus ala padune         
Nyebele’i bokong melerok matane    
Nalika lunga sapa bojone









sabab ngilingi pesthen atine
bungah lan seneng besuk yen muleh
mulane luwih bagus atine
ingkang pinuji ing pengerane
sartane ngereksa lanang bandhane
iku ping papat mungguh wilange
mung gawe seneng marang atine
dhak tahu tinggal olehe bekti
ing tingkah papat ingkang sinebut
menawa ana kabenerane
ning suwarga sira tekene
besuk manggone ana neraka
nalika omong karo bojone
iku wong wadon nomer sijine
dhak gelem ngereksa marang badane













Tempo ning omah sapa bojone
Tampa jalaran den amuk terus
Yaiku tunggal nomer sijine
Wadon kang merdi meres bojone
Kaya bojone wong ora duwe
Iku wong wadon kaping pindhane
Wadon kang bukak marang badane
Marang wong lanang liya sartane
Iku ping telu wewilangane
Wadon kang ora ana sejane
Dhak duwe ati dhemen ngelakoni
Dhak gelem tha’at ing Gusti Allah
Dhak gelem bekti marang bojone
Kapan wong wadon duweni sifat
Temtune wadon nampani laknat









iku den gawe lara atine
padhane kucing kang weruh tikus
ahli neraka mahu kandhane
ingkang ngeliwati pekuwatane
kok jaluk kancing dinar selawe
kang bakal manggon ning nerakane
sarta pepahes adol ayune
saking omahe metu gawene
ahli neraka ngono lakune
liyane mangan ngombe turune
ing shalat ferdhu lima wektune
Dhak gelem tha’at ing rasullallah
kang kaping papat wewilangane
salah sijine perkara papat
ahli neraka yen ora tobat













Durunge tutup lawange taubat          
Tutupe lawang iku mangsane
Mula wong wadon lah saikine           
Becik da kapok kapok serta mareni
Nyuwuna temen ing pangapuran
Aja sumaya sabab tekane       
Aja kepincut seneng lan enak
Sabar sabarna kuwat kuwatna
Becik golekna enak lan seneng
Becik elinga saben dinane      
yen ingkang ngepung ing nerakane
Iku perkara kang nyenengake            
Tegese cocok pikarepane       
Mula kepenak gampang dalane
Dene kang ngepung ing suwarga       
Tegese kabeh kang ketingake








yen wes katutup aja sambah
nyawawes tutuk ning gorokane
becik da tobat kang saktemene
dosa kang kadung sira lakoni
marang kanga gung gusthi pengeran
pati dak nana weruh mangsane
dening alam dunya kangge lisrusak
sabab bujukelah werna-werna
ana akhirat kang tetep langgeng
yen ingkang gepung ing neraka
ingkang ngepung ing nerakane
ana ing ati lan ngenakake
hawa lan nepsu sarta syetane
kang nekakake ing nerakane
hawa lan nepsu ora keduga
ing hawa nepsu mungguh ketoke








Mula ya akeh perintangane
Mulane akeh para menusa
Yen ora oleh pitulungane                   
Muga pangeran maringi gampang      
Lan gampangake olehe nyambah       
Ing wong kang maca ikilah syiir
Kelawan khatam olehe maca
Ya allah gusti kang sifat agung
Dumateng kula lan sedaya
Saged kiyat nglampahi tobat
Lanmugi paring khusnulkhotimah
Den gawelerenlakonikolam
Ning itsnen wage mungguh dinane   
Tahune seket loro bakdane                
September iku mungguh wulane









dalan surga angel lakune
ngambah dalane da rasa rasa
Allah Taala sifat lomane
Dalan neraka olehe nyimpang
Dalan suwarga da duwe wegah
Utawa krungu atine mikir
den lakoake supaya eca
mugi kersa paring pitulung
rayatan kula jaler lan estri
saged nebihi sangking maksiat
nyuwun pengereksa soal aqidah
ning tanggal loro sasi muharrom
jam siji punjul bengi mangsane          
lah sangang atus lebar sewune
rong puluh loro penanggalane









Abi Muhammad sholeh hajawi
Ana ing desa kalaling manggone
Ingsun amuji sarana syukur
Rahmat lan salam muga tepena
Lan maring kabeh kulawargane



















Ikilah syiir iku kang nggawe
Hajen juwana kelahirane
Ing Gusti Allah kang sifat Ghofur
Ing Kanjeng Nabi ingkang Musthafa
Lan sahabate sekabehane