Wektu kuwi, bagaskara wus ginggsir ana ing kulon, ing
samburining wagunan teknik industri kampuse Rara. Rara bocah wadon ayu kanthi pakulitan kuning langsat kuwi, wis arep
bali ana ing kos-kosan.
Dumadakan keprungu suwara pratanda yen ana telpon kang
mlebu. Jebul sing nelpon Bulekke kang ana ing ngomah, takon yen “Ndhuk Rara kapan mulih?” Awakmu ora sowan ing
simbah ko sedela?”
“Dereng mangertos awit taksih kathah tugas-tugas
ingkang dereng rampung, kinten-kinten wonten punapa inggih Bulek?” piwangsulane.
“Owalah, iya wis, Bulek arep ngabari yen ta simbahmu kakung nembe ing rumah
sakit Ndhuk” “Lho, gerah menapa Bulek, sampun wiwit dinten punapa kok kula
nembe dipunparingi pirsa.” Maktrarab sajroning batin, dumadakan awakke Rara
krasa dredeg lan lemes.
“Wiwit dina Setu wingi, iya Ndhuk pangapurane yen
awakmu nembe dak kabari, balia sebisamu” piwangsulanipun Bulek. “Inggih Bulek
nuwun pangapunten saderengipun dereng saged tuwi, atur salamipun kula mugi enggal
dhangan”. Rasa batin Rara sansaya ora karuan, awit anggone Bulek ngendikan ko
katon ana kang ditutup-tutupi. Nadyan awak isih krasa dredeg lan trataban, Rara
tetep nguntabke laku tumuju kos. Rasa bingung kang tumancep ing dada awit yen
bali isih ana tanggungan kuliah uga tugas-tugas kang kudu dirampungake, kuwi
sansaya gawe Rara ora napsu apa-apa. Rara tetep bae nyoba tenang lan ngirim
donga mugi simbah kang dadi panggon manja lan ngudar kabehing rasa panguripan
kuwi enggal mari.
***
Ora let suwe nalika nembe bae buka lawang kamar kos,
dumadakan ana telpon. Rara wus maktratab yen
kang mlebu telpon teka Bulek e bok menawa ana bab kang wigati banget,
sore-sore telpon. “Hallo, Assalamualaikum wonten punapa Bulek?” Ratung krasa
makdeg nalika Bulek ora gage enggal mangsuli nanging aku malah keprungu swara
wong padha tetangisan. “Bulek” pitakonu maneh.
“Ndhuk, simbah kakungmu wus sare kanggo selawase,
pangapuranana yen ta wingi nalika Bulekmu telpon kuwi simbah wus koma ora sadar
babar pisan. Ora nyana yen ta sakiki malah ora kacek” piwangsulane Bulekku
kaya-kaya samberan guntur kang gawe aku amung meneng tanpa bisa ngucap sak
ukara. “Balia Ndhuk, ati-ati pangapuranen Bulekmu kang nembe kekabar, lan Ibumu
uga ora tegel anggone kandha nyang awakmu.” “Inggih Bulek” Rati amung bisa
piwales wangsulan kuwi. Ora ngerti apa kang dipikir lan dirasakake saiki.
Mripat wus kembeng-kembeg kayata nahan ewonan debit ilining banyu. Eluh tumetes
ing pipi. Rasane, nembe wingi dheweke ketemu, ngudar rasa lan kabeh walaka kang
dak alami ing kutha anggone ngangsu kawruh.
Sajroning ati keranta-ranta “Keneng apa aku rong wulan
iki saben ditelpon simbah arang dakjawab, aku alesan okeh tugas, lan maneka
liyane, keneng apa Rara” nyesel, nyeseg sajroning dada. Awit Rara ora mungkin
wengi kuwi langsung mulih, banjur esukke nembe diterake bali dening kanca
Madrasahe biyen. Sakdalan-dalan Rara ora kuwat nahan tangis, kang eluhe wus dleweran ing pipi wanudya kenes kuwi.
Sakwengi ora bisa turu,
Kurang teka 4 jam, dheweke wus tekan ngomahe simbah.
Nanging kang anggawe Rara ngrasa gedhe salah lan kuwiwaning ati marang dhiri
pribadi. Nalika dheweke wus ora menangi ketemu simbahe kang pungkasan. Awit
jenazah wus digawa tumuju ing pasareaan. Rara tetep bae nututi kanthi mlayu, nalika
wus tekan pasarean wong-wong wus arep padha budhal awit wus lebar. Rara banjur
nangis ing pasarean, nalika kabeh wong wus lunga. Rasa yesel, nyuwun pangapura
kang ora kinira., bakal kaya mangkene kadadeyane. Pancen ora ana kang ngerti
kapan patining manungsa kuwi tumeka.
Bulekke, banjur ngampiri lan ngereh-ngereh, kanthi
angkulan kang raket, semana uga Ibu lan bapake. “Wus Ndhuk, wus, iki wus dai
titahing Gusti Allah, kudu kok lilake yen ta sliramu tresna marang simbah.
Didongakke, aja lali pesenen simbah mu sadurunge kapundhut, Rara kudu sregep
anggone ngudi ngelmu lan aja sok sombong marang sapa bae.” Dadio nut laku kang
utama ya, wus ayo bali.” Aku dirangkul lan dituntun bali dening Bulek lan Ibu
mulih ing daleme simbah.
*
Okeh kenangan lan bab kang kebak yen dak ceritakake
saben papan ing omahe simbahe. Ajaran kang bisa di jupuk Rara nalika kuwi, yen
ta isih ana wektu, papan, lan wong kang ko tresnani balia, aja ko ulur-ulur
kaya benar layangan. Bali ora kudu ngenteni lega lan ana apa. Nanging bali
kanggo pangrasa kuwi uga kudu dijaga. Sapa awakmu sakiki yen ora ana wong-wong
asalmu lair. Ora bakal kaya mangkene. Kuncine kudu iling marang Gusti,
wongtuwa, sanak kadang lan sesulur uga kanca uga kang wigati ing ngendi bae
elinga kanggo ”bali.”
R.T.J.