Sabtu, 26 Mei 2018

GEGURITAN (PUISI JAWA TRADISIONAL)


Oleh : Raundoh Tul Jannah


PUISI KRITIK SOSIAL
YEN
Yen netraku bisa anelesi jagat
Swara iku datan bisa oncat
Amung ana Sang Murbeng Rat
Kang baka malik adat
            Lor lan kidul tanpa swara
            Isine mung apus-apus walaka
            Dedeg dampar anane mung muspra
            Kapinteran anggone nyia-nyia
Lemah isine mung banjir tangis
Jerit tanpa swara
Ewonan mripat kang cumanthaka
Amung ngentni mhayuning bawana
            Merga
            Yen ana ri pesti pi
            Yen ana ta pesti memba ma
            Yen ungkas mesthi mati
            Yen dadi tansah blenjani
Apa durung tekan pikirmu
Apa durung nalar akalmu
Papan amung dadi kuasa kang ra miguna
Tanpa mikir gegayuhan utama

Tan kena kinira
Tan kena kinira
Umpama mega datan sirna
Lampah runtut kadya satria
Jebul kuwi amung pepaes walaka
        Sing kok tutup surya
        Anslup karana daya
Apa ta karepmu?
        Aku durung ngerti!
        Mesem ing ngarep
        Budhal ing buri?
Sigra katoning pangaribawana
Sinarug sinambunging lintang
Atising tan ana beda
Guyu lumaku jejer semu
Molak malike keprana jengkelmu


PUISI KAMAR
Panggonku Manja

Laku jebul kudu lumaku
Wektu pancen kudu muter
Semana uga yuswa
Saben dina saya suda
        Aku mung bisa napaki
        Sisa dalan kang bisa tak lewati
        Laku awan yen arep dolan
        Jaluk sumber panguripan
Semaga uga mega datan bisa guyu
Nalika simbah ninggalke aku
Aku kaya pager tanpa saka
Moyak-mayik kaerog maruta
Mega kang ana mripatku
Wis kauunthel dadi eluhku
Saben dak sawang kursi lan papan kuwi
Panggonmu ngangen ngenteni aku bali
Ana ngendi aku golek papan crita?
Ana ngendi, aku bakal tetangis bab lelapa?
Ana sapa aku bakal  manja lan suka-suka?
Yen panggonku manja wis bali ana kana









Antub
Dadaku antub
Sesek tan kinira
Nyawang pepadange awan
Saya beda yen nyawang rembulan
        Rina lan wengi ora ana redi
        Gunggung ati sing kudu tak tali
        Rintihing hawa ati datan bisa bali
        Apa aku kudu nglungani?
Dadaku antub
Ing sapucuking rasa
Apa ana sing bakal jejawat asta
Rayu sedya supaya bali
        Hahaaa....
        Iku amung wewayang
        Kang datan bisa tak gadhang
        Aku amung awu
        Kang durung paham anggonku mlayu







PUISI LAGU
Kinanthi Sandi Asma
“JANNAH”
Janma kang gayuh ing laku
Alandesan budi suci
Nelesi ajagad raya
Nugraha anthuk kamukti
Abudi daya kluwarga
Astuti Ibu pertiwi

Asmaradhana Sandi Asma
Rara ayu taman swargi
Akaryaneng Hyang Murbeng Rat
Unggul lan endah solahe
Ndika kang sulistyeng warna
Duh Gusti Hayomana
Obah lan mosik lakumu
Hamandega pamor bangsa

PUISI TEMA REFEREN
Bapak Jokowi
Sarehing sastra
Ayuing bawana
Mijiling tawang Surakarta
Kanthi trahing Rat Praja
          Sigra lumampah dadi nuting praja Sala
Teges, lantip, wicaksana, lan adheming bawa
Gawe sengsem pamarentah manca
Kanthi pralambang walikota utama
Kalirik jangkah tumuju ratu kapitu
Nrabas dhedhep tidheming laku
Petenging jagad
Lan ngadeging ngawiyat
Gada, oceh, lan paido
 Ora nyirna tekad minterake putra bangsa
Jokowi Bapak panngayoming negara
Bapakku lan ukiraning luhur negariku

Habibie

Sedya nag utama
Atut runtut ing pangudi
Pawiyatan nomer siji
Pamikir cerdas jumbuh lahiring budi
          Tabah atimu
          Teteg, teguh, hayu lakumu
          Saka manca kang tan kinira
          Tekad mahargya nusa bangsa nadyan piwales ewone lara
Dirgantara kuwi ngimpi
Kang kok gadhang rina lan wengi
Dirgantar wujud sekti
Wiwit sejarah ibering pertiwi
          Habibie ratu katiganing Indonesia
Kang prasaja nrabas banjiring titah
Ikhlas, dana, lan gumregas
Memayu hayuning negara kanthi tuntas







PUISI BALADA

BADA

Bada......
Dina kang kaanthi
Dina kang fitri
Sebutane riyaya, riyayaning dina
Ing bibaring wulan mulya

Ngendhikaning Simbah : Kuwi dina becik
Agawe bungah atiku Nggerrrr
Agawe mekaring kembang, kang mangambar
Dina ing ngendi omahku kebak ing guyu
Guyuning para sanak, putu, lan tamu
Sing adoh dadi siji
Sing lali dadi bali
         
Nggerrr....
Putuku...
Ngerti rasaning beda katimbangdina-dina liya
Hawane lara datan tak rasa
Pikirku.....
Apa elinge yen pas riyaya?
Marak sungkem ing gubug rasa
Aku datan bisa lali Ngger
Kowe-kowe sira anak putuku teka
Kang rikala semana tansah tak udidaya
Ilining kringet aku tetep guyu

          Gusti
          Matur nuwun aneng dina iki
Kang datan bisa tak lali
          Nadyan staun ping siji
Aturku....
Wakil tangising panguripan simbah-simbah
Kang kasimpir kunjara lakuning “jaman”


PIWELINGe

Simbah Kakung
Wonten menapa?
Swasana katon beda
Ora katon padhatanya
Eyang gerah napa susah?

Jawabe : Aku ora papa Ndhuk
Aku amung watuk lan rada sayah
Eyang uga ora susah
Lan ora nana kang tak gawe susah
Aku wis tuwa Ndhuk
Urip mung kari ngadhep
Ngakehi ngibadah uga amalan barakah

Jawabku : Inggih Eyang mugi rahayu
Pangestu lan donga kang tak anthu-anthu

Selaning : Ndhukk.....
Pangestuku lan dongaku jampangi lakumu
Eyang amung weling
Dadia nut Rat kang utama
Wanudya sekaring bangsa
Kuncaraning praja,,,

Yen ta bali Semarang apa kana aja nglali Pati
Yen bungah aja lali omah
Yen aku wus ora nana
Katon pasarean kang kang kasisa
Amung kiriman donga kang tak uja
Ndhuk....
Kuwi satitik piwelingku....
          Eyang jebul ing Maret 2017
          Kuwi piwelingmu kang pungkasan?
          Esem kang sundhul langit
          Lambeyan ngisor jambu kang kok lampit
          Mugi anthuk swarga
          Aku mung bisa donga lan usaha
          Kaya kok gadhang
          Nalikaning semana
          Ing ngisor rembulan sasi kasanga
Matur nuwun Eyang....



Semarang, 17/18 (RTJ)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar